Kamis, 08 Desember 2016

Guyon Maton SMA NEGERI 1 PARE

Saben Dina Sing Gak Iso di Pahami

             Hai cah.. aku meyda saka XII IPS 3, ing kene aku kape cerita menyang awakmu kabeh. Cerita iki garai nelongso atimu cah.... dadi cepak-cepak o TISU sak durung e ngerungokne omongan ku iki. 
            Aku iki arek paling ayu, menengan, rajin, pinter pokok aku iki bocah wadon sing cantik jelita. aku kan menengan to cah... dadi nek kelas i aku cuma lungguh ing panggonan ku lan maca buku. pas jam kosong i kanca-kanca ku podo grumbul dewe-dewe, lan nyetel musik, enek sing musik DJ, Dangdut, lan KPOP. Aku iki bingung cah kudu piye amergo yen kabeh nyetel lagu sing bedo-bedo aku kudu ngerungokne sing endi?. AKU KAN JADI PUSING. (awak mu kabeh sing kape weruhi jawaban iso komen ing isor iki) hahahaha......
             Sing keloro cah aku kan arek e ancen piter tapi aku gak pinter omong lha roh-roh guruku mlebu kelas koyok baisane ngono kuwi. eh... aku dikek i tugas kon gawe GUYON MATON to.... terus aku kon piye cah aku kan gak pinter omong. aku kape gak ngerjakne tapi jere konco ku guri ne medeni poll, maklum ae cah aku kan mesti nurut dadi gak tau diseneni. Oh iyo lali aku, gorong tak dudui yo sopo jeneng e guru ku iki, jeneng e BU MIFTAH guru basa jawa cah. JERENE bu miftah iki kouereng rek opo meneh lek pas PMS , koyok IBU TIRI bayang no aku lak dadi ANAK TIRI no... ibu tiri kan medeni koyok memedi. lha lek wajah ku seneng cantik jelita iki dicakar piye.. lak masa SMA ku suram gak enek para jejaka sing nembak aku , SEDIH AKU...
            Oh iyo aku i sekolah nek SMA NEGERI 1 PARE, nanging sak iki sekolah ku jeneng e diganti dadi SMA RUJUKAN PARE, lha pas aku ditakok i ibu-ibu nek bakul janganan 
I : ndok sekolah nek endi
A : teng SMA RUJUKAN buk
I : endi wi
A : ler e AN NUR buk
I : kuwi sma 1
A : injeh buk nanging sak niki dados SMA rujukan
I : sma 1 yo panggah sma 1

        aku mah sebagai bocah enom sing apik yo mung tak iyoni tok cah.... wes semene wae cerita ku yo,,,  sedih dirimu engko lak ceritani neh, sedih antara terharu utawa sedih goro-goro gak genah...

OK aku MEYDA saka XII ips 3 ,,,,, 
BYE  >_<

Tidak ada komentar:

Posting Komentar