Kamis, 18 Agustus 2016

Cerkak Basa Jawa


Sak Lawase Ing Jero Ati

(Meyda Nur Rohmah : 22)

Dara ngerti banget getir-legine urip dadi anak tunggal.ing sawijine waktu dara bisa kayak ing dhuwur langit, amerga deweke bisa oleh rasa tresna saka wong tuane. Ora ana sing bakal njipuk kabahagiaan dara. Dheweke ora bakal ngerungokne bapak lan ibuke muni “dadi o kayak mbak mu” utawa “deloken adhikmu luwih pinter saka awak mu” lan sak sembarang e. Lahir saka kulawarga sing sugeh lan duweni omah gedongan kayak instanane raja lan ratu. Saben dina bisa dicukupi tanpa kudu dipiker abot-abot
            Kayak ing dina iki, dara daftar kuliah ing pangonan kuliah sing apik banget lan masuk ing panggonan kuliah iki angel among bocah sing sugih lan duwe dhuwit akeh ( sugeh ). Dara ora perlu mikir gawe masuk kuliah ing panggonan kuwi. Dheweke njupuk jurusan akutansi lan bakal ngawiti masuk kuliah ing sasi 8 utawa bulan Agustus.
*
Kring... Kring... Kring
            Jam beker ing jero kamar dara muni, tangan dara mulai ngeranggeh jam baker ing dhuwur meja karo rupa sing ijek ketutup slimut. Lungguh sadilut lan langsung budal adus, mata sing isih abot digawe melek garai sikile kebentuk manisan mejo utawa pinggiran mejo.
“Aduhh....”
            Ora mikir dawa-dawa karo sikile sing lara langsung nutuk ake langkah gawe budal adus lan siap budal menyang panggonan kuliah. Ing ngarep omah wis ana mobil warna abang yaiku mobile dara. Dara mbukak lawang mobil lan dheweke langsung lungguh ing jero mobil.
*
            Rame banget ing pangonan kuliah ana bocah sing duwur, ana sing kulite putih, ganteng, ayu, elek, manis lan sak sembarange ana ing kene. Diterus ake lakune karo rasa seneng sikile sing kiwa mulai ngelewati lawang kelas, matane dara langsung buka sak ombo-ambane karo jatungen seng sak durunge biasa ae malih banter. Wis akeh bocah ing jero kelas sing duweni jadwal pada karo dara.
“mbak aja mandhek ing tengah lawang”, suarane bocah lanang sing gepuk pundake dara karo aluse.
“oh.. iyo sepurane”, karo suara sing pedhot-pedhot kayak kaset lagu sing rusak
Kelas diwiwiti lan dosen ngawiti absen siji-siji jeneng mahasiswane. Bobby jeneng bocah lanang sing gepuk alus pundake dara mau. Arek lanang sing duweni duwur 178 cm , coklat manis, alise sing kandel kayak kulite badak, mata amba lan rambut e kayak pemain sinetron ricky harun. ( hahaha)
Dina didina bocah lanang iki trus ngewangi dara yen dara kangelan garap tugas, ora ono angin lan udan bobby bisa gelem ngewangi dara sing watake rodok males. Dara lan bobby mesti garap tugas ing pendhapa sing ana ing panggonan kuliah kuwi. Buku-buku dibukai lan akeh banget, ora sengaja regetan hasile penghapus miber ing matane bobby. Bingung kudu ngelakokne apa dara amung ngipas-ngipas ake tangane ing ngarepe matane bobby karo nyebul irih-irih.
“wis gak papa, amung regedan cilik duduk watune gunung kelud seng mlebu”. Pucuk lambe ne mungggah ing duwur dibarengi karo matane sing radak nyipit.
“huu.... sajane kuwi mau gak tak ewangi”
“ancene bocah kok nakal eram”. Banjur tangane dara nutug batuke bobby irih.
Bocah loro iki saben dina ne bebarengan terus. Amerga kedaden iki bobby omong menyang dara yen dheweke seneng lan tresna karo dara. Kaget ora keduga wajahe dara abang branang karo  ambegane sing mandek 3 detik an. Ora bisa nolak yen dara yo duweni rasa sing podo karo bobby. Tresna sing thukul saka geleke bebarengan (witing tresna jalaran saka kulino).
*
            Ing ulan iki dara lan bobby wis pacaran 2 tahun. Dara duweni niat gawe ngenalne bobby ing bapak lan ibuke. Pikire dara yen bapak lan ibuke bakal setuju meruhi bobby sing apikan marang deweke lan pinter banget ing kelas.
            “bob,, minggu ngarep sampean ana acara gak?”. Takone dara
            “gak ono acara, nyapo kok sampean takok kayak ngunu”. Saut e bobby alus menyang dara karo matane bobby sing kaya rembulan ing bengi sing nerangi langit.
            “sampean gelem tah melu menyang omahku, mengko petok bapak lan ibuk ku”. Terus e dara jelas ake marang bobby.
            “bapak lan ibuke sampean??”. Kaget banget sing dirasa bobby karo ambekane sing kempas kempis.
            “gelem ya...” rayune dara karo nduduhne gaya kaya bocah cilik.
            “iyo aku gelem” saure bobby sing gawe ayem atine dara.
            Dina minggu teko. Dara wis siap-siap gawe ketemu karo bobby. Bacah lanang siji iki ketok banget yen nderedek saka carane omong karo dara. Sak wise teko omah ibuk lan bapake dara wis ngenteni ing ngarep omah. Bobby dijak mlebu menyang jero omah lan mulai ditakok’i. Bapak lan ibuke dara kaget yen bobby iku anake wong gak duwe. Ibuke dara nesu-nesu banget amerga ngerasa yen anake ayu kaya putri iso disandingne karo bocah lanang sing mung pantes dadi sopire tok.
            “aja ngarep karo anak ku kowe!” sentake ibuke dara sing ngerasa nesu banget lan ora peduli karo bobby sing panngah meneng wae iku mau.
            “arep mok wenehi mangan apa anak ku yen kowe kaya ngene” lanjute sing nyelot kasar marang bobby.
            “IBUKK...., “ saute dara sing ora bisa meneng wae yen bocah sing ditresani dikaya ne ngunu
            “ibuk bener yen kula niku cuma anake wong sing mboten gadah nopo-nopo, bapak kulo namung wong tani” saute bobby sing mulai wani gawe belo awake.
            “kula mboten gadah napa-napa, nanging kulo saget nuruti nyuwune dara, kulo tasik saget ngusahake buk, pak..” tutuge bobby
            Kerungu omongane bobby sing kaya ngunu, ibuke dara menehi syarat gawe bobby, yaiku yen bobby bisa nukokne dara kalung berlian deweke bisa nerus ake karo dara. Bobby nyetujoni syarat saka ibuke dara lan deweke duweni tekad kudu bisa tuku kalung berlian kuwi.
            Saben dina bobby ora ngenal leren, kerja apa wae dilakoni gawe buktik ake marang bapak lan ibuke dara yen deweke tresna temenan karo dara. Omongan ibuke dara sing bakal ngewehi restu yen bobby bisa nutokne dara kalung berlian terus dadi pikiran ing batine bocah siji iki. Bobby sing mung anake wong tani gak bakal bisa tuku kalung berlian koyok malek tangan, deweke bisa kuliah amerga dibiayai pamrentah saka prestasine menang lomba dalang tingkat provinsi.
            “apa sing kudu tak lakok ne,??”  Unek-unek ing jero atine dara ndelok wong sing ditresnani nyambut gawe gak nyawang wektu.
            Dara sing weruh bobby lungguh ing pinggir lapangan langsung diparani. Dara ngarahne tangane sing gawa botol ngombe ing ngarep wajahe bobby sing abang iring amerga kekeselen. Diusap kringete bobby sing netes ing batuk lan pipine. Matane dara kaca-kaca meruhi  apa sing dilakukne bobby. Eluh ing moto netes menyang pipi, tangan bobby ngelus pipi sing ana eluhe.
            “nyapo kok nangis?”
“lerena !, kuwi mesti abot banget”
“aku gak bakal leren, aku bakal buktine menyang ibuk lan bapak e sampean”
“aku weruh nanging aku bisa omong alus-alus menyang ibuk lan bapak”
“gak usah dilutngkas dhuwit cukup, sampean gelem ngenteni sampek wektu kuwi?”
“iyo.. nanging temenan gak opo?”
“aku gak papa”
Wangsulane bobby garai lega unek-unek ing jero ati lan pikirane dara.
Ing sawijine dina dara petukan marang kanca SMA ne lan omong-omongan. Ing kana dara nyeritaake apa sing dheweke alami. Kancane dara omong yen deweke duwe barang apik lan ajaib gak ana sing duwe ing dunia iki. Barang iki yaiku 2 lilin warna iring sing bisa nekakne wong sing wis mati ing ngarepe. 2 lilin iki kudu disumet bareng lan salah siji kudu disebul karo mbayangne wonge sing dipingini, lan wong kuwi bakal teko nanging yen lilin ke loro mati wonge bakal ngilang maneh.
Dara ora percaya karo omongan kuwi, nanging lilin panggah digawa lan disimpen. Saben dina dara mung masi lilin lan mikirne bobby sing panggah nuruti syarat saka ibuke.
Dret....dret.....dret....
Suara hpne dara muni, ana sms masuk saka nomer sing gak dikenal. Sak wise maca sms kuwi dara kaget lan nangis sak banter-bantere. Ibuk lan bapake sing kerungu langsung marani dara lan takok nyapo kok anake iku nangis. Dara malah gak jawab lan malah ngekekne hpne menyang wong tuane
“napa niki mbak dara, aku entok nomer iki teko hpne mas bobby, sak durunge ngapunten niki mas bobby tiba ing dalanan perum indah permata (cedhak omahe dara) lan saiki mas bobby digawa ing RS. Amelia”
Dara, ibuk lan bapake langsung budhal menyang RS, nanging ora bisa dipercaya ing kono para kancane bobby podo nangis lan muni yen bobby wis ninggal. Ing jakete bobby ana kotak cilik lan kotak iki diwehne marang dara. Ora ana kata sing metu amerga ing jero kotak kuwi isine yaiku kalung berlian. Ibuk lan bapake dara langsung ngerasa nelangsa banget. Amerga wis gawe bobby kecelakaan ing dalan menyang omah. Ora disangka yen bobby gowo kanglung berlian kuwi ing jakete lan nduduh ake ra tresna temenan marang dara.
*
Wis ana 7 dina sak wise bobby ninggal, dara trus nyawangi kalung saka bobby deweke iling marang lilin sing diwehi kancane lan kepingin jajal nyumet lilin kuwi. Mung ana 2 lilin lan lilin pertama yen disebul bakal gawe wong sing mok karepake teko nangin yen lilin ke 2 mati wong kuwi bakal ilang maneh.
Dara mulai nyumet lilin-lilin kuwi karo rasa wedi, tangane ngawiti nyumet korek nanging ora gelem mekan amerga sangking nderedehke. Sing kapindho dara bisa nyumet 2 lilin kuwi lan ora bisa dipercaya yen lilin pertama disebul bobby bisa teko. Langsung dara ngerangkul rapet bobby sing ana ing ngarepe.
“apa sampean isa mbalek? apa isa awak dhewe mbalik? Nyapo awak dhewe gak isa mbalek? Aku kangen aku emoh ditinggal, apa iki akire awak dewe? Ndisik aku mikir sampean karo guyu nanging sak iki mung tetes banyu mata sing metu”. ora bisa ngempet banyu ing jero mata lan netes ing pipi sing alus kuwi
“aku gak apa, aja nangis wae aku pingin eruh esem mu” wangsulane bobby sing pingin gwe dara gak nangis
Nanging rasa kilangan luweh gedhe dara wedi banget yen lilin ke 2 mati, bobby bakal ngilang bocahe gak ngeculne tangan e teko bobby dirangkul rapet lan terus muni yen deweke emoh ditinggal. Ora bisa diapa-apane lilin ke 2 mati lan bobby arep ngilang nanging bobby omong menyang dara
“manungsa di ciptane gawe urip lan mesti bakal mati sapa wae iku gak ana sing bisa ngalangi sing gawe urip yen wis nakdirne mahkluk e gawe mati, bengok sak banter’e nganthi kabeh kerungu sampek suarane entek gak bakal mbalek nanging rasa tresna gak bakal isa ilang lan tresna iku isih ana ing jero dhada, yen kangen doa no aku, aja nangis guyu o yen iling aku amergo gak bakal enek sing pinging eruh wong sing ditresnani nangis, aja ngerasa dewe amerga awak dewe panggah bareng lan sak lawase bakal terus bareng ing jero ati, mati duduk berarti aku ngilang utawa aku ninggalne kabeh sing enek ing kene, aku kudu ngalih ndisik amergo sing gawe urip eruh yen sing tak tinggal kuwi kuat, aku gak ana ing kene nanging aku ijek ana ing jero ati lan dadi kenangan sing bisa terus diiling”.





Dening            :         Meyda Nur Rohmah
Kelas                :                      XII sosial 3
Sekolah             :              SMA N 1 PARE

Tidak ada komentar:

Posting Komentar